Translate

Ya Allah kulo nyuwun dumatheng panjenengan petunjuk ingkang leres ya Allah, nggih petunjuk supadoso kulo sageto istiqomah wonten margi ketakwaan dumatheng panjenengan. 
Ya Allah ingkang kagungan sedhoyo kamulyaning jagad, panjenengan paringi kulo kesehatan jasmani lan kesehatan rohani, ugi panjenengan paringi kulo sugihipun manah lan Iman dumatheng panjenengan ya Allah.

 Ya Allah  panjenengan limpahaken wonten manah kulo raos ajrih dumatheng panjenengan, raos manah ingkang saged ndadosaken benteng saking lelampah maksiat dumatheng panjenengan. 
Ya Allah, limpahaken datheng manah kulo raos tansah kepengin taat, nunduk lan pasrah maring panjenengan, 
Ugi Raos ingkang saged ndadosaken kulo lan sederek kulo sedhoyo kalebet wonten suwargo panjenengan ya Allah, 
Ya Allah panjenengan gesangaken keyakinan ingkang saged ndadosaken ringan saking sedhoyo beban penderitaan, raos kepengin mbales dendam lan sedhoyo musibah ingkang nyoto utawi ingkang taksih samar. 

 Ya Allah, panjenengan ampuni lan panjenengan kinasihi kulo sedhoyo ya Allah, keranten namung panjenengan ingkang saged maringi sedhoyo panyuwun kulo, 
Ya Allah ya Rab, mboten wonten malih kekuatan kejabi saking pitulungan panjenengan ya Allah, Gusti ingkang maha agung lan maha luhur.

Ya Allah panjenengan kabulaken sedhoyo tujuan gesang kulo ingkang sae, semanten ugi tujuan sak sampunipun kulo. 
Ya Allah ya karim, namung panjenengan ingkang saged angabulaken sedhoyo panyuwunan abdi-abdi panjenengan 
Ya Allah,.. panjenengan ijabahi sedhoyo hajat kulo, nggih hajat wonten agami, hajat ndunyo, lan hajat akhirat, 
Ya Allah sa`leresipun panjenengan maha kuwaos dumatheng sedhoyo ingkang dumunung ing sa`jembaring jagad, dalem nyuwun dumatheng panjenengan ya Allah.

 Subhaana rabbika rabbil `izzati `amma yashifuun, wasalamun `alal mursaliina wal hamdulillahi rabbil `aalamiin.


Aryo Penanksanq. Diberdayakan oleh Blogger.
CONTENT BLOGGER HERE
Pakupitu
CONTENT FACEBOOK HERE

Angels The Dark

k